Rabu, 19 Februari 2020

TEMBANG POCUNG

     Serat wedhatama nggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot pupuh pangkur lan pupuh sinom uga ngemot pupuh Pocung . Pupuh Pocung mujudake pupuh kang kaping telu , isine 15 pada.

A. Maca lan nanggepi teks serat wedhatama pupuh pocung lan paugeranne.

  
Pocung

Ngelmu iku,kalakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangekese dur angkara.


  • Pupuh pocung ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 15 pada(bait),wiwit wiwit seko tembung 'Ngelmu iku ...' tekan tembung ' angkara'.
  • Paugeran tembang macapat:  
  1. Guru gatra, yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane tembang pocung ana 4
  2. Guru lagu,yaiku tibaning swara saben pungkasan gatra. Guru lagune tembng pocung yaiku u,a,i,a.
  3. Guru wilangan, yaiku cacahe wanda saben segatra(larik). Guru wilangan tembang pocung yaiju 12,6,8,12.

B. Nemokake tuntunan ing serat wedhatama pupuh pocung lan njumbuhake karo kahanane bebrayan.


Pocung

Ilmu itu, dapat tercapai melalui usaha
Diawali dengan kas
Arti kas memberi daya
Setia pada budaya untuk menumpas angkara murka.


Pada iki mung salah siji saka 15 pada ing pupuh pocung sert wedhatama. Saka pada kang wis dijarwakake dadi basa Indonesia mau bisa ditemokake tuntunan ing urip,upamane :
  • Manungsa kudu duwe ngilmu kanthi cara ngudi/usaha.
  • Anggone usaha diwiwiti kanthi kas.
  • Kang dikarepake kas yaiku ana daya kang njalari kuwat lan santosa. Santosa kanthi setya marang budaya kanggo mbentengi tuwuh lan wekare patrap angkara murka.


Sumber : Gegaran nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA.

Minggu, 19 Januari 2020

AKSARA JAWA



        Aksara iku tegese huruf ing basa indonesia. Saben-saben bocah padha nganggo aksara. Sing paling kerep dienggo, yaiku aksara latin. Ing basa jawa ana aksara jawa. Bentuke aksara jawa beda banget karo aksara latin, amarga aksara jawa iku gambar suku kata.

Aksara carakan
     Aksara carakan yaiku, aksara pling dasar. Aksara iki digunakake kanggo nulis ukara. Saben aksara carakan nduwe bentuk pasangane. Pasangan digunakake kanggi mateni aksara sak durunge.

                          Aksara carakan
https://www.pinterest.com/pin/325033298082625210/

https://hidupsimpel.com/aksara-jawa/


Aksara swara
     Aksara swara yaiku, aksara kang digunakake kanggo nulis huruf vokal saka ukara serapan basa asing.

https://hidupsimpel.com/aksara-jawa/

Aksara rekan
     Aksara rekan yaiku, aksara kang digunakake kanggo nulis ukara serapan kang asale saka basa arap, umpamane f,kh,dz lan liyane.

https://hidupsimpel.com/aksara-jawa/

  
Aksara murda
     Aksara murda yaiku , huruf kapital ing aksara jawa.

http://kartowikromo.blogspot.com/2010/05/aksara-murda_11.html?m=1

Aksara wilangan
     Aksara wilangan yaiku, aksara kang digunakake kanggo nulis angka ing aksara jawa.

http://jogjapost.com/aksara-jawa-angka/


Sumber :
1.Gegaran nyinau aksara jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA
2.https://www.pinterest.com/pin/325033298082625210/
3.https://hidupsimpel.com/aksara-jawa/
4.http://kartowikromo.blogspot.com/2010/05/aksara-murda_11.html?m=1
5.http://jogjapost.com/aksara-jawa-angka/


SANDHANGAN AKSARA JAWA

 

     Sandhangan iku pakean utawa busana. Kanthi nganggo pakean mau, bisa dadi luwih luwes, luwih aji, lan luweh merdika menyang ngendi wae. Aksara jawa iku kalebu aksara jinis abugida utawa hibrida utawa cangkokan antarane aksara silabik karo aksara alfabetik. Minangka aksara silabik, saben aksara jawa iku nadyan nglegena (durung nganggo sandhangan/wuda) wis bisa muni. Bandhingna aksara jawa (k) sing unine [ka] karo aksara latin (k+a) lagi bisa diunekake [ka] !
     Sandhangane aksara jawa iku ana sandhangan swara (wulu,suku,pepet,taling,lan tarung), ana sandhangan panyigeg wanda (wignyan,layar,cecak lan pangkon), ana uga sandhangan mandaswara (cakra,cakra keret,pengkal,panjingan wa,panjingan la ).

1. Sandhangan swara.
    Sandhangan swara yaiku, sandhandangan kang gunane kanggo ngerubah unine huruf "a" ana ing aksara carakan dadi huruf vokal sak liyane "a" .

https://ernanurul27.blogspot.com/2017/08/belajar-aksara-jawa.html?m=1

2. Sandhangan panyigeg wanda.
    Sandhangan panyigeg wanda yaiku,sandhangan kang gunane kanggo nutup suku kata.


http://kartowikromo.blogspot.com/2010/05/sandhangan-tanda-baca.html?m=1

3. Sandhangan Mandaswara.
    Sandhangan mandaswara , manda iku tegesa rada (ora pati) swara tegese aksara swara (vokal), dadi mandaswara iku swara vokale ora dicethakake.


https://hidupsimpel.com/aksara-jawa/


Sumber :
1. Gegaran nyinau basa jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA
2.Gegaran nyinau basa jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA
3. https://ernanurul27.blogspot.com/2017/08/belajar-aksara-jawa.html?m=1.  
4.http://kartowikromo.blogspot.com/2010/05/sandhangan-tanda-baca.html?m=1
5.https://hidupsimpel.com/aksara-jawa/

Kamis, 16 Januari 2020

CRITA RAKYAT ( BASA JAWA KELAS XI )




Sumber : https://id.pinterest.com/pin/484981453616800096/

   Crita rakyat yaiku crita kng dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka warna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturite . Tumraping bocah-bocah , crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah . Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar(setting), alur(plot), sudhut pandhang, lan amanat.

     Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca. Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-uritane prastawa ing crita .          Sudhut pandhang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.

     Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang nduweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.


  • Titikane crita rakyat
a. Penyebarane kanthi lesan .
b. Duweni sipat tradhisional.
c. Sugih carik lan variasi.
d. Jeneng pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa seng nganggit ).
e. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.

  • Mupangate crita rakyat yaiku :
1. Mupangate rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
2. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
3. Mupangat estetis yaiku menehi nilai nilai kaendahan .
4. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
5. Mupangat religiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.

  • Unsur crita rakyat 
Crita rakyat nduweni unsur-unsur intrinsik, kayata :
1. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
2. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu,papan panggonan lan suasana.
3. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita . Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane , lan sapanunggale.
4. Alur(plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita .
5. Amanat yaiku pesen kan ana ing crita.
6. Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggale 
7. Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.

  • Wujud crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos, legendha, lan dongeng.
a. Mitos
    Mitos yaiku crita kang dianggep bener bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit , tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.

b. Legendha
    Legendha yaiku crita kng dianggep bener bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale . Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, lan sapanunggale.

C. Dongeng
    Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bis dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.



Sumber : 1.gegaran nyinau basa jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA.
                  2. https://id.pinterest.com/pin/484981453616800096/






Rabu, 15 Januari 2020

IKLAN ( BASA JAWA KELAS XI )




 Sumber : https://tugassekolahsmpsmk.blogspot.com/2016/12/iklan-bahasa-jawa.html


A. Ngrembug teks iklan

     Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulis . Iklan tulis bisa awujud pamflet,poster,baliho bis uga kacitak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayata TV lan Radhio.
     
     Titikane iklan kang becik yaiku jujur,obyektif,cetha,ringkes,tembunge prasaja,gampang dimangerteni, narik kawigaten ,sopan, lan logis. Dene unsur-unsur iklan ing antarane yaiku :
1. Jenenge barang utawa jasa kang ditawakake.
2. Pihak utawa pawong kang masang
3. Alamate sing masang
4. Kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kng ditawakake

     Basa teks iklan iku beda karo basa teks-teks liyane. Titikane basa iklan yaiku :
1. Migunakake slogan 
2. Ukuran persuasi utawa mbujuk wong liya
3. Migunakake subjek wong kapisan 



B. Nulis teks iklan 

     Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki yaiku :

  • Sing dituju kudu cetha
  • Sing ngirim kudu cetha 
  • Barang utawa jasa sing ditawakake kudu cetha
  • Narik kawigaten sing maca 
  • Nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca
  • Nuwuhake rasa pengin nduweni nduweni barang sing ditawakake
  • Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake 
  • Nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling

C. Carane nulis iklan
1.temtokno ancase iklan (nawakake barang utawa jasa).
2. Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur unsur pawarta         (jeneng barang utawa jasa ,sing gawe iklan,alamat,kahanan utawa   manfaat).
3. Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa     kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten.


Sumber : 1.Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA.
                  2. https://tugassekolahsmpsmk.blogspot.com/2016/12/iklan-                          bahasa-jawa.html




TEMBANG POCUNG

     Serat wedhatama nggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot pupuh pangkur lan pupuh sinom uga ngemot pupuh Pocung . Pupuh Pocung muju...