Serat wedhatama nggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot pupuh pangkur lan pupuh sinom uga ngemot pupuh Pocung . Pupuh Pocung mujudake pupuh kang kaping telu , isine 15 pada.
A. Maca lan nanggepi teks serat wedhatama pupuh pocung lan paugeranne.
Pocung
Ngelmu iku,kalakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangekese dur angkara.
- Pupuh pocung ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 15 pada(bait),wiwit wiwit seko tembung 'Ngelmu iku ...' tekan tembung ' angkara'.
- Paugeran tembang macapat:
- Guru gatra, yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane tembang pocung ana 4
- Guru lagu,yaiku tibaning swara saben pungkasan gatra. Guru lagune tembng pocung yaiku u,a,i,a.
- Guru wilangan, yaiku cacahe wanda saben segatra(larik). Guru wilangan tembang pocung yaiju 12,6,8,12.
B. Nemokake tuntunan ing serat wedhatama pupuh pocung lan njumbuhake karo kahanane bebrayan.
Pocung
Ilmu itu, dapat tercapai melalui usaha
Diawali dengan kas
Arti kas memberi daya
Setia pada budaya untuk menumpas angkara murka.
Pada iki mung salah siji saka 15 pada ing pupuh pocung sert wedhatama. Saka pada kang wis dijarwakake dadi basa Indonesia mau bisa ditemokake tuntunan ing urip,upamane :
- Manungsa kudu duwe ngilmu kanthi cara ngudi/usaha.
- Anggone usaha diwiwiti kanthi kas.
- Kang dikarepake kas yaiku ana daya kang njalari kuwat lan santosa. Santosa kanthi setya marang budaya kanggo mbentengi tuwuh lan wekare patrap angkara murka.
Sumber : Gegaran nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA.