Sumber : https://tugassekolahsmpsmk.blogspot.com/2016/12/iklan-bahasa-jawa.html
A. Ngrembug teks iklan
Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulis . Iklan tulis bisa awujud pamflet,poster,baliho bis uga kacitak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayata TV lan Radhio.
Titikane iklan kang becik yaiku jujur,obyektif,cetha,ringkes,tembunge prasaja,gampang dimangerteni, narik kawigaten ,sopan, lan logis. Dene unsur-unsur iklan ing antarane yaiku :
1. Jenenge barang utawa jasa kang ditawakake.
2. Pihak utawa pawong kang masang
3. Alamate sing masang
4. Kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kng ditawakake
Basa teks iklan iku beda karo basa teks-teks liyane. Titikane basa iklan yaiku :
1. Migunakake slogan
2. Ukuran persuasi utawa mbujuk wong liya
3. Migunakake subjek wong kapisan
B. Nulis teks iklan
Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki yaiku :
Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki yaiku :
- Sing dituju kudu cetha
- Sing ngirim kudu cetha
- Barang utawa jasa sing ditawakake kudu cetha
- Narik kawigaten sing maca
- Nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca
- Nuwuhake rasa pengin nduweni nduweni barang sing ditawakake
- Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake
- Nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling
C. Carane nulis iklan
1.temtokno ancase iklan (nawakake barang utawa jasa).
2. Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur unsur pawarta (jeneng barang utawa jasa ,sing gawe iklan,alamat,kahanan utawa manfaat).
3. Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten.
Sumber : 1.Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA.
2. https://tugassekolahsmpsmk.blogspot.com/2016/12/iklan- bahasa-jawa.html

Apik tenan👍
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusBermanfaat👍
BalasHapusBermanfaat👍
BalasHapus